Kiai Musthofa Aqiel Berpesan Agar Istiqomah Membaca Al-Qur’an

0
977

KHASKEMPEK.COM, KEMPEK – Pengasuh Pondok Pesantren Khas Kempek Cirebon, KH. Muhammad Musthofa Aqel Siroj berpesan agar istiqomah membaca Al-Qur’an. Hal ini beliau sampaikan dalam acara Khotmil Qur’an dan Juz ‘Amma Pondok Pesantren Kempek, Senin (3/8/2002).

Berikut ini pesan lengkap Kiai Musthofa Aqiel yang disarikan dari sambutan beliau di Channel YouTube Kempek Online.

Allah dalah Alquran beli paduan bae. Milih. Sing dikarepaken Gusti Allah, milih. Sebagaimana Gusti Allah milih sing nerima Al-Qur’an sapa. Nabi pirang-pirang nabi, manusia pirang-pirang manusia, sing dipilih Allah nerima Al-Qur’an cuma Kanjeng Nabi. Malaikat pirang-pirang malaikat sing dipilih Allah untuk membawa Al-Qur’an adalah malaikat Jibril.

Negara pirang-pirang negara sing dipilih untuk diturunkannya Al-Qur’an, Makkah. Wulan pirang-pirang wulan sing dipilih kanggo tekae Al-Qur’an bulan Ramadhan. Nah ini pilihan, tidak semuanya, tidak gampang. Apalagi dikaitkan bahwa yang namanya Al-Qur’an adalah hudan,


الٓمّٓۚ ذٰلِكَ الْكِتٰبُ لَا رَيْبَ ۛ فِيْهِ ۛ ھُدًى لِّلْمُتَّقِيْنَ

Hudan ay lil hidayah. Hidayah niku apa jare Gusti Allah. Mboten saged. Mulane yahdillahu man yasya’u wa yudhillu man yasya’

Allah ngupai hudan kepada yang dikehendaki oleh Allah. Demikian pula Allah ngupai dholal. Maknane mangga para wali murid, para wali santri kula aturi syukuran. Sing temenan syukurane, aja padu alhamdulillah bae.

Napamali Al-Qur’an dadi sumber agama, sedangkan jare hadis: Man yuridillahu bihi khoiron, yufaqqihhu fiddin. Sapa bae wong kapan jare Gusti Allah dikehendaki bagus, maka wong mau ditakdirkan Allah gelem mendalami agama.

Kapan jare Gusti Allah bocah kun kuh bagus, iku Allah nakdiraken bocah kun kuh gelem ndalami agama, gelem maca Qur’an, gelem belajar kitab, gelem ngaji, gelem wiridan. Iku berarti jare Gusti Allah bagus.

Kapanan jare Gusti Allah blesak, Allah bli bakalan nakdiraken bocah kuen gelem belajar agama. Pentungana, tabokana. Cung, ngaji Al-Qur’an, masa gelemana. Cung ngajia, masa gelema. Tangisana, masa gelema. Nah, oleh karena itu wangsul malih, syukuran bocah gelem ngaji Al-Qur’an sampe khatam.

Kaping kalih, syukuran sing mulangi dzi sanadin wa nasabin. Sing mulangi langsung Kiai Nawawi, putera Kiai Umar. Kula ya mulang Qur’an, kabeh ya mulang Qur’an tapi dudu putrane. Paham mboten? Mumpung masih menangi.

Mulane niki sangat mulia, putra putri panjenengan ngaos langsung dateng Kiai Nawawi. Kantun panjenengan syukur karo Allah sekaligus donganang, muga-muga Kiai Nawawi, khususe lan sedoyo keluarga pesantren Kempek dipun panjangaken umure, sehat, lan katah rizkie.

Al-Qur’an itu luar biasa, tidak ada kitab di dunia ini yang diawali dengan perintah. Ayuh kitab apa, buku apa, tulisan apa yang awalnya iqro? Yang awalnya bacalah? Gak ada itu, hanya Al-Qur’an. Bacalah, pinterlah, ngajia.

Mulane poro santri, kadanga-kadang, apa sih mondok kuh niate ngaji kuh? Ngilangnang kebodohan. Masa balik-balika. Tambah lawas, tambah bodoh soale. Dadi pribe niate wong ngaji?

Niate wong ngaji, pertama. Nurut perintahe Gusti Allah. Karena Allah perintah, iqro, bacalah, ngajilah, pinterlah, berfalsafatlah, itu iqro. Dadi sing wis sing enak, wong ngaji niate manut perentahe Gusti Allah.

Konsep Al-Qur’an luar biasa. Qur’an niku disebut hudan lil muttaqin, hidayah, petunjuk bagi orang yang ingin bertakwa. Banyak orang yang mengatakan takwa, takwa. Kita tingkatkan iman dan takwa.

Bagaimana itu takwa? Takwa tanpa Al-Qur’an bohong. Ulangi, takwa tanpa Al-Qur’an bohong. Allah yang mengatakan dzalikal kitabu laa royba fih, hidan lil muttaqin.

Dados wong kang wis ngaji Al-Qur’an nggadahi dzarrotun min dzarrotit taqwa. Ana dzarroh, cukulane, kari ditumbuhakene blie, kari diopeni blie.

Kedua, Al-Qur’an adalah kalamullah. Allah maha suci, maka Al-Qur’an suci, alias wong kang bisa ngaji Qur’an ana kesuciane. Kesucian iku anae ning apa? Kesucian iku anae nung roh.

Tegese wong kang duwe Al-Qur’an rohe urip. Niki kang bakale diadepaken ning Gusti Allah, artine uripe roh. Allah dawuhaken:

وَإِذْ أَخَذَ رَبُّكَ مِنۢ بَنِىٓ ءَادَمَ مِن ظُهُورِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَأَشْهَدَهُمْ عَلَىٰٓ أَنفُسِهِمْ أَلَسْتُ بِرَبِّكُمْ ۖ قَالُوا۟ بَلَىٰ

Allah gawe Nabi Adam, sawise digawe, Allah perintah malaikat Jibril, Jibril usapen gigire Adam. Diusap, bareng diusap, brul anak putune Adam metu sing gigire Nabi Adam. Masih rupa roh. Dadi anak putu metu sing gigire Nabi Adam, tegese turunan niku anane ning Nabi Adam.

Turunan iku anae ning wong lanang. Wong wadon, embok bli duwe turunan. Tugase wong wadon mung nganggremi bae, tapi sing duwe turunan bapa. Buktine baka anake gede, arane anak digandenge karo bapa atau embok? Karo bapa. Nawawi Umar, Musthofa Aqiel, Said Aqiel.

Sawise anak putu Nabi Adam metu sing gigire Nabi Adam, rupa roh. Lajeng Allah takon, roh alastu birobbiku, isun pengeran sira kan? Roh jawab, qoolu balaa, enggih gusti, sampean pengeran kula, kula iman.

Allah takon ning roh, ora takon ning jasad. Berarti yang punya interaksi dengan Allah adalah ruh. Allah maha suci berarti kontaknya, kontak suci, berarti roh suci. Kontaknya dengan Al-Qur’an, maka ketika ada Al-Qur’an itu kesucian kula karo sampean urip. Urip sing bakale besuk dihaturaken karo Gusti Allah. Uripe ruh, uripe iman, uripe Al-Qur’an. Semuanya hilang tanpa Al-Qur’an.

Terakhir, ibu-ibu sing tua-tua manggaha duwea jam maca Qur’an. Duwea, 24 jam, kira-kira kanggo maca Qur’an pirang jam? Sepuluh menit bae, miliha waktue, apa tas maghrib, apa tas ashar, terserah sampean tapi istiqomah.

Kapan istiqomah, sapa wonge istiqomah, maka Allahu haqqoqo lahu mushohabatal qur’ani fi qobrih. Kapan wong khatam Qur’an dongae apa? Wa fi qobri munisa. Ya Allah, kula jaluk Qur’an dadi bature kula ning kuburan.

Ada sebagian ulama mengatakan, kapan istiqomah maca Qur’an, Allah dadiaken tilkat tilawah, dadiaken bacaan mau, didadiaken malaikat kang baturi sampean ning kuburan.

Jebol malaikat Munkar Nakir teka. Jare malaikat Qur’ane, man antuma? Sira sapa? Jare Munkar Nakir, sira sapa? Isun malaikat sing didadeaken sing bacaan Qur’ane wong iki. Sampean sapa? Isun Munkar Nakir. Arep apa? Arep nakoni pangeran sira sapa? Masa maca Qur’an nggal dina ditakoni pangeran sira sapa?

Akhirnya malaikat itu membantu orang tersebut menjawab pertanyaan Munkar Nakir. Sehingga Munkar Nakir lapor kepada Allah bahwa ada malaikat yang katanya malaikat bacaan Al-Qur’an. Allah menjawab, sudah tinggalkan saja, suruh tidur orang tersebut. Niki maknae Qur’an bakale mbaturi kita, nyenengaken kita ning kuburan, yen istiqomah.

Mangga sareng-sareng, awit Kiai Umar, teng ngriki mung muqodimah. Zamane Kiai Umar muqodimahe Kiai Aqiel. Zamane Kiai Nawawi, kula. Maknane supaya sakralisasi Qur’an tidak hilang. Mangga teng ngriki diniati tabarruk, tawassul. Istima’ iku sami karo maca. Sama-sama diperintah,


وَإِذَا قُرِئَ الْقُرْآنُ فَاسْتَمِعُوا

Jadi di sini, mangga ngrongoknang Al-Qur’an atine krenteg, Ya Allah gusti, kula nyuwun kelawan ngrongoknang Al-Qur’an nyuwun waras, akeh duite, selamet dunia akherat. Kula yakin, dengan melalui Al-Qur’an, Allah berjanji apa mawon dituruti, karena Al-Qur’an syifaan wa rohmah. (KHASMedia)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here